TANDA AMALAN DITERIMA [ KHUTBAH JUMAT ]
🕌⏰🌐⏰🕌⏰🌐🕌🌐⏰🕌⏰🌐🕌⏰🌐🕌
*Edisi : Khutbah Jum'at*
Setelah khutbatulhajah
*Jama'ah Jum'at rohimani wa rohimakumullah*
Khotib tansah ngemutaken tumrapipun dhumateng Khotib pribadi sumrambahipun dumateng jama'ah Jum'at sedoyo,amrih tansah ningkatalken ketakwaan dumateng Allah Subhanahu wa ta'ala .
Allah ta'ala ngendiko :
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَىٰ ۚ وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الْأَلْبَابِ [البقرة : 197]
يخبر تعالى أن { الْحَجَّ } واقع في
Podho sesanguo siro,lan saktemene sakbecik - becike sangu yoiku takwa lan podho takwao Siro marang ingsun [ Allah ] he wong kang ndarbeni akal.
*Jama'ah Jum'at a'azzaniyallahu wa iyyakum jami'an*
Rino kalawan ndalu ingkang Kulo lan panjenengan sami lampahi sejatosipun nedahaken bilih Kulo lan panjenengan sami sansoyo tebih saking ndonyo lan sansoyo celak dumateng akhirat.
Yekti begjo tiang ingkang ngginakaken kesempatan meniko kangge nyelak dumateng Allah ,lan Yekti begjo tiang ingkang tansah nyibukaken jiwo kan rogonipun wonten ing Margi ketaatan dumateng Allah lan nebihi menopo ingkang dados awisanipun.
Sak sampunipun paripurna Wulan romadhon,Wulan ingkang kebak Rohmat lan pangapuro saking Allah ta'ala dumateng poro kawulanipun ingkang tansah njagi ketaatan dumateng Allah wonten ing Wulan romadhon ,sae meniko kanthi posonipun,sholatipun,waosan Al Qur'an nipun ,sholat tarwehipun lan sakpanunggalanipun ,Kulo lan panjenengan sami Kedah tansah menggalih sak sampunipun nindakaken amalan - amalan meniko,menopo Kito sedoyo kalebet tiang - tiang ingkang tinampi amalan - amalanipun?
Saenggo kalebet tiang - ingkang begjo lan sukses.
Menopo malah kosokbalenipun Kito kalebet tiang - tiang ingkang muspro amalan - amalanipun mboten dipun tampi dening Allah ta'ala saenggo kalebet tiang - tiang ingkang rugi.
Amalan ingkang tinampi dening Allah Kedah ngemot 2 perkawis :
1. Amal meniko Kedah ikhlash dipun tujukaken dumateng Allah ingkang kasebat ugi ikhlash ,
Mboten kalebetan riya' [ ngersakaken dipun sawang tiang sanes ], mboten sum'ah [ ngersakaken dipun mireng tiang sanes ]
2. Amal meniko Kedah jumbuh kalian menopo dipun tedahaken wonten ing Al Qur'an lan ugi wonten ing Sunnah Nabi Muhammad shalallahu'alaihi wa salam.
Allah ta'ala ngendiko :
فَمَن كَانَ يَرْجُو لِقَاءَ رَبِّهِ فَلْيَعْمَلْ عَمَلًا صَالِحًا وَلَا يُشْرِكْ بِعِبَادَةِ رَبِّهِ أَحَدًا [الكهف : 110]
"Sing sopo wonge kang ngarep - arep ketemu marang Allah,mongko podhoo nindakake amal Sholeh lan Ojo dheweke nyekutukake Allah marang opo wae, nalikane ngibadah marang Allah".[ QS Al Kahfi : 110 ]
Amal sholih menawi jumbuh kalian tuntunanipu Rosulullah.
Mboten nyekutukaken Allah ateges ikhlash ibadah namung dumateng Allah.
Rosulullah shollallahu'alaihi wa sallam ngendiko :
مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ ".
"Soksopoo kang Poso romadhon kanthi linambaran iman lan ihtisab [ ngarep - ngarep pahala ] Yekti dewekke bakal diapuro doso - dosone kang wus dilakoni"
[ HR Al Bukhori : 38 ]
Imanan ateges namung ibadah dumateng Allah ,
Ihisaban [ ngarep pahala ] inggih meniko kanthi amalan ingkang jumbuh kalian tuntunanipun Rosulullah shollallahu'alaihi wa sallam.
Amargi amal ibadah ingkang mboten jumbuh kalian sunnahipun Rosulullah shollallahu'alaihi wa sallam mboten saget dipun Ajeng - Ajeng pahalanipun amargi amalan meniko tertolak.
saking 'Aisyah - rodhiyallahu'anha - bilih Rosulullah shollallahu'alaihi wa sallam ngendiko :
مَنْ أَحْدَثَ فِي أَمْرِنَا هَذَا مَا لَيْسَ فِيهِ فَهُوَ رَدٌّ "
Sing sopo kang odo - odo Aneng Babagan agomo kang ora Ono ing tuntutanku mongko amalan Kuwi tinolak
[ HR Al Bukhori : 2697 ]

Kulo lan panjenengan sami Kedah menggalih menopo Allah nampi amalan Sholeh Kito sedoyo.
Amalan ingkang tinampi mboten kok standaripun saking kathahipun amalan,ananging leresipun amalan.
Sahabat Ali bin Abi Tholib - rodhiyallahu'anhu - ngendiko :
لا تهتموا لقلة العمل، و اهتموا للقبول،ألم تسمعوا الله تعالى يقول :
*"قَالَ إِنَّمَا يَتَقَبَّلُ اللَّهُ مِنَ الْمُتَّقِينَ [المائدة : 27]"*
Ojo Siro sedih amergo amalan kang sethithik,ananging sediho Siro amergo ora ketompo amalanmu!
Opo Siro ora nate krungu menowo Allah ta'ala ngendiko:
"Saktemene Allah mung nompo amalan Sholeh Soko wong - wong kang takwa. [ QS Al Maidah : 27 ]

Menawi wonten syarat dipun tampinipun amal sholih,mekaten ugi wonten tandanipun dipun tampi amalan Sholeh.
Mugi kulo lan panjenengan sami manggihaken Tondo - Tondo meniko,sok sinteno tiang ingkang manggihaken Tondo meniko mongko Kedah syukur tansah memuji dumateng Allah lan tansah njogo amalan - amalan Sholehipun,
Ananging soksinteno tiang ingkang mboten manggihi Tondo - Tondo meniko mangko amrih langkung semangat anggenipun beramal Sholih ingkang jumbuh kalian tuntunanipun Rosulullah shollallahu'alaihi wa sallam lan ikhlash ibadah namung dumateng Allah ta'ala.
Ing antawisipun tondo - tondo dipun tampinipun ibadah inggih meniko Allah ta'ala paring hidayah taufiqipun dumateng tiang meniko saenggo saget nindakaken amalan Sholeh sak bibaripun amalan Sholeh ingkang sampun dipun tindakaken ingkang ikhlaskan krono Allah lan jumbuh kalian sunnahipun Rosulullah shollallahu'alaihi wa sallam.
Allah Subhanahu wa ta'ala ngendiko :
وَالَّذِينَ اهْتَدَوْا زَادَهُمْ هُدًى وَآتَاهُمْ تَقْوَاهُمْ [محمد : 17]
Lan wong - wong kang gelem nompo pituduh,Yekti Allah bakal nambah pituduh marang dheweke lan menehi piwales tumrap ketakwaane [ QS Muhammad : 17 ]
*Ulama tafsir ngendiko :*
ثم بين حال المهتدين، فقال: *{ وَالَّذِينَ اهْتَدَوْا }* بالإيمان والانقياد، واتباع ما يرضي الله *{ زَادَهُمْ هُدًى }* شكرا منه تعالى لهم على ذلك، *{ وَآتَاهُمْ تَقْوَاهُمْ }* أي: وفقهم للخير، وحفظهم من الشر، فذكر للمهتدين جزاءين: العلم النافع، والعمل الصالح.
Sak lajengipun Allah njelasaken kondisinipun tiang - tiang ingkang nampi hidayah,
Lan wong - wong kang kang gelem nompo pituduh { hidayah } kanthi iman lan pasrah lan nindakake opo kang diridhoi dening Allah { yekti Allah bakal nambah pituduh marang dheweke } yoiku amergo syukure Allah tumrap dheweke { lan menehi piwales marang ketakwaane ] yoiku kanthi paring hidayah Taufiq amrih nindakake amalan Sholeh lan ngedohake Soko amalan kang awon.
Saenggo Ono 2 piwales utowo ganjaran yoiku
Ilmu kang manfaat [ Al 'ilmu An Nafi' ] lan amal sholih [ Al 'Amalu Ash Sholih ].
Mugi kulo lan panjenengan sami kalebet tiang - tiang ingkang tinampi posonipun,zakatipun,sholat tarawihipun,waosan Al Qur'anipun lan amalan Sholeh ingkang saksanesipun.
Aamiin ya robbal'aalamin.
بارك الله لي و لكم في القرآن العظيم و نفعني و إياكم بما فيه من الآيات و الذكر الحكيم.
أقول قولي هذا و أستغفر الله لي و لكم. إنه هو الغفور الرحيم
✍🏻 Akhukum Fillah : Juantara Abu Fatiyyah Al jubathini

Komentar
Posting Komentar